Minggu, 19 Mei 2013

Contoh Sambutan Walimatul Khitan


( 1 )
الســـلامُ عليكـــمْ  وَرَحــــمةُ اللهِ وَبرَكـــاتهُ
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ , الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ , وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ وَعَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنَ . وَالصَّلَاةُ وَ السَّلاَمُ
 عَلَى اَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ , وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .
وَلَاحَوْلَ وَلَا قُوَّةَ اِلَّا بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ . اَمَّا بَعْدُ
Dumateng pangersanipun bopo Kiyai Khaji FATKHURROKHIM engkang tansah kawulo mulyaaken. Dumateng pangersanipun poro sesepuh soho pinisepuh engkang kawulo hormati, soho poro rawuh, tamu undangan, soho bapak-bapak lan ibu-ibu engkang kawulo hormati.
Langkong rumiyen monggo kito tansah muji syukur dumateng ngersanipun Alloh SWT engkang sampun paring rohmat, soho taufiq dumateng kito sedoyo, sehinggo kito sedoyo saget ngerawuhi punopo engkang dados undanganipun bapak ibu  sekalian.

Poro bapak soho ibu  engkang kawulo mulyaaken.
Wondene saat meniko bapak - ibu kawulo ngaturi rawuh dumateng bapak soho ibu, engkang sepindah bapak lan ibu ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedoyo, keranten kerso angrawui punopo engkang dados undanganipun bapak soho ibu. Bapak soho ibu mboten saget ngaturaken punopo-punopo , hanamung ngaturaken
جَزَاكـُـــمُ اللهُ خَيْــــرَ جَزَاءٍ جَـــزَاءً كَــثِيْرًا
(mugi-mugi Alloh males dumateng panjenengan sedoyo kelawan sak sae-saenipun piwales engkang katah ).

Lan mugio panjenengan dipun paringi pitulungan deneng Alloh, keranten panjenengan sampun  paring pitulungan dateng bapak soho ibu kulo, sehinggo bapak soho ibu kulo saget ngelaksanaaken punopo engkang dados hajatipun kanti selamet ning sambikolo. Keranten kanjeng nabi sampun dawuh :
إِنَّ اللهَ فِيْ عَــوْنِ الْعَبْـدِ مَـا دَامَ الْعَبْـدُ فِيْ عَــوْنِ أَخِيْــهِ
(setuhune gusti Alloh paring pitulungan dateng kawulonipun, selagine kawulo puniko kerso paring pitulungan dateng rencangipun ).

Poro bapak soho ibu,sesepuh pini sepuh  engkang kawulo hormati.
Wonten ndalu meniko bapak soho ibu kulo anggadai hajat  netepi punopo engkang dados kewajibanipun tiang sepah. Injih puniko ;
"nyempurnaaken keislaman kulo engkang arupi khitan".
Milo sangking puniko ke-islaman kulo bade kulo sekseaken dumateng panjenengan sedoyo kanthi iqror mahos kalimah syahadat taukhid lan syahadat rosul.

اَشْهَدُ اَنْ لاَّ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَ أَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ
(Ingsun nekseni bilih mboten wonten pengeran hanamung gusti Alloh, lan kulo nekseni bilih kanjeng nabi Muhammad puniko utusane gusti Alloh ).

 Soho wonten saat puniko kejawi ikror syahadat kulo badhe mahos Al-Qur'anul karim. Mugio kanti wahosan puniko dadosaken barokah kagem bapak soho ibu sekeluargi, lan lumeber dateng panjenengan sedoyo. Amin-amin ya robbal 'alamin.






(2)
Mekaten engkang saget kawulo aturaken, wondene chotmil Qur'an bade kawulo wiwiti.
يَافَتَّاحُ يَاعَلِيْمُ ,
اللهم افْتَحْ عَلَيْنَا فُتُوْحَ الْعَارِفِيْنَ بِحِكْمَتِكَ , وَانْشُرْ عَلَيْنَا رَحْمَتَكَ , وَذَكِّرْنَا مَا نَسِيْنَا , يَا ذَاالْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ .
لَااِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ ,  وَلِلهِ الْحَمْدُ
( membaca والضحى.....  & do'a chotmil Qur'an sampai selesai )
PENUTUP
Dumateng poro 'alim ulama' dumateng bapak-ibu soho poro rawuh tamu undangan engkang kawulo hormati. Dumateng rencang-rencang engkang kawulo tresnani.
Mekaten chotmil Qur'an engkang sampun kawulo waos, menawi wonten leresipun mugi -mugi dipun tampi deneng gusti Alloh, menawi wonten lepatipun mugi-mugi gusti Alloh kerso ngapunten. Keranten puniko sangkeng bodone kawulo.

Sepindah maleh, kulo mewakili sangking bapak soho ibu ngaturaken matur suwun dumateng poro rawuh engkang sampun kerso ngerawui punopo engkang dados hajatipun bapak soho ibu kawulo. Ugi, bapak soho ibu nyuwun dumateng poro rawuh sedoyo kersoho pinarak dumugi paripurnanipun acoro. Bapak soho ibu nyuwun pangapunten dumateng panjenengan sedoyo menawi anggenipun ngaturi panghurmatan soho pasugatan kirang meranani dateng panjenengan sedoyo.

Sepindah malih, kawulo minongko wakilipun bapak soho ibu nyuwun agunging pangapunten. Mekaten engkang dados atur kawulo, mbok bilih wonten klenta klentunipun atur, awit awal dumugi akhir nyuwun agungeng pangapunten.

وَالسلامُ عليكمْ وَرَحمةُ اللهِ وَبرَكــاتهُ

Setelah selesai bersama-samamembaca do'a di bawah ini
اللهم ارْحَمْنَا بِالْقُرْأَنِ , وَاجْعَلْهُ لَنَا إِمَامًا وَنُوْرًا وَهُدًى وَرَحْمَةً ,
اللهم ذَكِّرْنَا مِنْهُ مَا نَسِيْنَا وَعَلِّمْنَا مِنْهُ مَا جَهِلْنَا وَارْزُقْنَا تِلَاوَتَهُ أَنَاءَ الْلَّيْلِ وَأَطْرَافَ النَّهَارِ ,وَاجْعَلْهُ لَنَا حُجَّةً  يَا رَبَّ الْعَاَلِميْنَ .
_________________
............................................



المعهدالاسلامي السلفي المسعودية بلاتير
Pondok pesantren putra putri Al-Mas'udiyyah Blater

Tidak ada komentar:

Posting Komentar